Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI kelas 6

Judul Buku

Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI Kelas 6

Penulis

Wiwit Murih Widodo, S.Pd

Editor

Tim Redaksi

Sinopsis

Pinunjuling buku punika wose jangkep wonten sekawan keprigelan basa. Keprigelan basa punika nyemak, maca, micara lan presentasi, sarta nulis ingkang dipun kembangaken saking Capaian Pembelajaran (CP) jumbuh kaliyan kurikulum ingkang dipun ginakaken. Wonten materi-materi wulangan bab basa, kawruh basa, sejarah, budaya, lan unggah-ungguh. Wose materi-materi wulanganipun ugi mboten statis nanging dinamis saged dipun kembangaken lan dikolaborasi kalih sumber-sumber sinau sanesipun ingkang relevan.

Kagiyatan-kagiyatan sinau wonten ing buku punika karancang saged anggladhi siswa nindakaken berpikir kritis, deduktif-induktif, lan kreatif. Gladhi-gladhi wonten ing pasinaon buku punika ugi kangge sarana ningkataken kepemimpinan siswa. Para siswa mboten namung diparingi materi-materi nanging dipun ajak saged pikantuk panemu cara sinau nalikanipun sinau kanthi mandiri, terbimbing, utawi kelompok (learn how to learn). Ancasipun supados para siswa saged kasil pakoleh kawruh lan ngelmu ingkang bermakna (meaningfull). 

Buku punika mboten namung mligi ngukur kasil siswa saking olah pikir utawi aspek kognitif. Ananging ugi ngetrapaken utawi menginternalisasikan aspek afektif lan psikomotor liwat pasinaon ingkang aktif, interaktif, nyenengaken nalikanipun sinau basa lan budaya Jawa. Siswa dipun gladhi dados lantip utawi cerdas lan gadhah budi pakerti ingkang luhur. Siswa seneng basa lan budaya Jawa, ndherek ngapresiasi lan nglestarikaken basa, budaya Jawa amrih sansaya ngrembaka lan manpangati wonten ing padinan.

Pambiji utawi penilaian wonten buku punika dipun tindakaken dening Bapak Ibu guru lan para siswa ugi nindakaken penilaian dhiri. Temtu pêpèngêt, sesurupan lan kabetahan sinau dening para siswa pribadhi, menika wigati sanget tumrap para siswa kangge nyekapi kabutuhan sinau siswa lan nggayuh ancasipun pasinaon. Mila menika, para siswa tansah dipun ajak refleksi sesarengan, ancasipun kagem ningkataken siswa seneng sinau sepanjang hayat (long life education). Mugi buku punika tansah manpangati kagem para siswa lan pemaos sedaya ingkang budiman. 

Detail
Jumlah Halaman Penerbit
244 CV Centra Grafindo
PanjangLebar
25 cm 18 cm
Tahun Terbit
2025