Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI kelas 5

Judul Buku

Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI Kelas 5

Penulis

Sulistya, S.Pd.,M.Pd

Editor

Tim Redaksi

Sinopsis

Kaluwihanipun buku Gladhi Basa Jawa Kelas 5 nggih punika ngemot sekawan keprigelan basa. Keprigelan basa punika ing antaranipun: nyemak, maca, micara lan nulis ingkang dipun kembangaken saking Capaian Pembelajaran (CP) jumbuh kaliyan kurikulum ingkang dipun ginakaken. Buku Galdhen Basa Jawa Kelas 5 punika ugi kasusun adhedhasar Kurikulum Merdeka Pembelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa wonten ing Daerah Istimewa Yogyakarta.

Materi wonten buku punika dipun kemas kanthi maneka kegiatan lan ugi gladhi basa Jawa ingkang dipun trepaken kaliyan minat lan ugi karakteristik psikologi lare SD. Materi wonten buku punika dipun jangkepi materi-materi ingkang ngrembag babagan kabudayan, teknologi, unggah-ungguh, kasusastran, paramasastra, lan kompetensi ingkang selaras kaliyan perkembanganipun lare.

Gladhi Bahasa Jawa Kelas 5 isinipun babagan: 1. Piranti teknologi tradhisional lan modern; 2. Busana Jawa gagrag Ngayogyakarta; 3. Geguritan; 4. Tokoh wayang Ramayana; 5. Tatakrama pangajak lan pitakonan wangsulan; 6. Tembang Maskumambang; 7. Ukara prasaja mawa aksara Jawa lan Pasangan; lan 8. Tembung lingga lan andhahan. Menika sedaya dipun susun kagem numbuhaken rasa tresna para generasi muda dhateng basa Jawa lan kabudayan Jawa kanthi pasinaon muatan lokal Bahasa Jawa.

Detail

Jumlah HalamanPenerbit
226CV Centra Grafindo
PanjangLebar
25 cm18 cm
Tahun Terbit 
2025