
Judul Buku
Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI Kelas 2
Penulis
Ari Yulianti, S. Pd
Editor
Tim Redaksi
Sinopsis
Gladhi Basa Jawa punika dipundhapuk adhedhasar Kurikulum Merdeka Piwulangan Basa Jawa SD/MI DIY. Kaluwihanipun buku Gladhi Basa Jawa Kelas 2 punika ngemot maneka warni aktivitas lan gladhi basa Jawa ingkang dipun jumbuhaken kaliyan sekawan keprigelan basa. Keprigelan basa punika ing antaranipun: nyemak, maca, micara lan nulis ingkang dipun kembangaken saking Capaian Pembelajaran (CP) jumbuh kaliyan kurikulum ingkang dipun ginakaken. Materi wonten buku punika dipun kemas kanthi maneka kegiatan lan ugi gladhi basa Jawa ingkang dipun trapaken kaliyan minat lan ugi karakteristik psikologi lare SD. Materi wonten buku punika dipun jangkepi materi-materi ingkang ngrembag babagan kabudayan, teknologi, unggah-ungguh, kasusastran, paramasastra, lan kompetensi ingkang selaras kaliyan perkembanganipun lare. Gladhi Bahasa Jawa Kelas 2 isinipun babagan: 1. Salasilah kulawarga; 2. Punakawan; 3. Legenda ing DIY; 4. Tata Krama; 5. Tembung kosok balen; 6. Tembung wilangan; 7. Tembang dolanan; 8. Aksara Jawa nglegena. Buku punika dipun dhapuk ancasipun kagem nuwuhaken raos tresna para generasi mudha dhateng basa, sastra, lan kabudayan Jawa kanthi pasinaon muatan lokal Bahasa Jawa.
Jumlah Halaman | Penerbit |
170 | CV Centra Grafindo |
Panjang | Lebar |
25 cm | 18 cm |
Tahun Terbit | |
2025 |