
Judul Buku
Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI Kelas 1
Penulis
EMI WIJIYANTI, S.Pd.SD
Editor
Tim Redaksi
Sinopsis
Buku Gladhi Basa Jawa Kelas 1 kasusun adhedhasar Kurikulum Merdeka Pembelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa wonten ing Daerah Istimewa Yogyakarta. Materi wonten buku punika dipunkemas kanthi maneka warna kagiyatan lan ugi gladhi basa Jawa ingkang dipun trepaken kaliyan minat lan ugi karakteristik psikologi lare SD. Materi wonten buku punika dipun jangkepi materi-materi ingkang ngrembag babagan kabudayan, teknologi, unggah-ungguh, kasusastran, paramasastra, lan kompetensi ingkang selaras kaliyan perkembanganipun lare.
Buku Gladhi Bahasa Jawa Kelas 1 isinipun babagan Perangan Awak, Dongeng Fabel, Dolalan Tradhisional, Aksara Nglegena, Tata Krama Patepungan, lan Tembang Dolanan. Materi punika ngemot sekawan keprigelan basa, yaiku: nyemak, maca, micara lan nulis ingkang dipun kembangaken saking Capaian Pembelajaran (CP) jumbuh kaliyan kurikulum ingkang dipun ginakaken.
Buku Gladhi Bahasa Jawa Kelas 1 dipun susun kagem numbuhaken rasa tresna para generasi muda dhateng basa Jawa lan kabudayan Jawa kanthi pasinaon muatan lokal Bahasa Jawa.
Jumlah Halaman | Penerbit |
158 | CV Centra Grafindo |
Panjang | Lebar |
25 cm | 18 cm |
Tahun Terbit | |
2025 |