Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI kelas 4

Judul Buku

Gladhi Basa Jawa Kagem SD/MI Kelas 4

Penulis

KRISTINA ERNAWATI, S.Pd.,M.Pd.Gr

Editor

Tim Redaksi

Sinopsis

Buku Gladhi Basa Jawa punika dipundamel adhedhasar Kurikulum Merdeka Piwulangan Basa Jawa SD/MI DIY Taun 2022. Materi ing salebetipun buku punika dipundamel mawi maneka warni gladhi Basa Jawa ingkng dipunjumbuhaken kaliyan karakteristik psikologi pasarta didik SD kelas IV mawi model piwulangan basa ingkang ngremenaken anggenipun pasarta didik sinau. Buku Gladhi Basa Jawa punika isinipun bab kabudayan, ngelmu modern, lan pendhidhikan budi pekerti. Ancasipun kompetensi samangke boten namung mligi mumpuni ginakaken Basa Jawi ragam Krama, Madya, Ngoko, nanging tansah nglestantunaken lan ngrembakaken kabudayan tilaripun leluhur. Buku punika kadhapuk kanthi integrative antawisipun nyemak, micara, maos, lan nyerat. Kejawi punika ugi dipunaturaken sinau ragam tembung, unggah-ungguh lan tata krama sarta criyos wayang. Piwulangan bab Aksara Jawa ugi dipunandharaken kanthi prasaja. Buku punika ugi wonten gladhi ing saben wulanganipun kanthi ancas pasarta didik saged langkung pana materinipun. Sedaya ingkang wonten salebetipun buku punika kaajab saged nambah seserepan pasarta didik bab Basa Jawa. Kanthi mekaten saged nambahi sanguning para pasarta didik anggenipun lelumban wonten ing madyaning bebrayan agung.

Detail
Jumlah Halaman Penerbit
PanjangLebar
202 CV Centra Grafindo
25 cm 18 cm
Tahun Terbit
2025